Senin, 31 Mei 2021

Serat Wedhatama

Serat Wedhatama 

karya KGPAA Mangkunegara IV 

tulisan oleh: Kandjeng Pangeran Karyonagoro, 

2001 

PUPUH I P A N G K U R


 

01 Mingkar-mingkuring ukara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ilmu luhung,kang tumrap ing tanah Jawa, agama ageming aji. 

02 Jinejer ing Weddhatama, mrih tan kemba kembenganing pambudi,mangka nadyan tuwa pikun, yen tan mikani rasa, yekti sepi sepa lir sepah asamun,samasane pakumpulan, gonyak-ganyuk nglelingsemi. 

03 Nggugu karsane priyangga, nora nganggo peparah lamun angling,lumuh ingaran balilu, uger guru aleman, nanging janma ingkang wus waspadeng semu, sinamun samudana, sesadoning adu manis . 

04 Si pengung nora nglegewa, sangsayarda denira cacariwis, ngandhar-andhar angendukur, kandhane nora kaprah, saya elok alangka longkangipun, si wasis waskitha ngalah, ngalingi marang sipingging. 

05 Mangkono ilmu kang nyata, sanyatane mung we reseping ati,bungah ingaran cubluk, sukeng tyas yen den ina, nora kaya si punggung anggung gumunggung, ugungan sadina dina, aja mangkono wong urip. 

06 Uripa sapisan rusak, nora mulur nalare ting saluwir, kadi ta guwa kang sirung, sinerang ing maruta, gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung, pindha padhane si mudha, prandene paksa kumaki. 

07 Kikisane mung sapala, palayune ngendelken yayah wibi, bangkit tur bangsaning luhur, lah iya ingkang rama, balik sira sarawungan bae durung, mring atining tata krama, nggon-anggon agama suci. 

08 Socaning jiwangganira, jer katara lamun pocapan pasthi, lumuh asor kudu unggul, sumengah sesongaran,yen mangkono kena ingaran katungkul, karem ing reh kaprawiran, nora enak iku kaki. 

09 Kekerane ngelmu karang, kakarangan saking bangsaning gaib, iku boreh paminipun, tan rumasuk ing jasad, amung aneng sajabaning daging kulup, Yen kapengkok pancabaya, ubayane mbalenjani. 

10 Marma ing sabisa-bisa, babasane muriha tyas basuki, puruitaa kang patut, lan traping angganira, Ana uga angger ugering kaprabun, abon aboning panembah, kang kambah ing siang ratri. 

11 Iku kaki takokena, marang para sarjana kang martapi, mring tapaking tepa tulus, kawawa nahen hawa, Wruhanira mungguh sanjataning ngelmu, tan mesthi neng janma wreda, tuwin muda sudra kaki. 

12 Sapantuk wahyuning Allah, gya dumilah mangulah ngelmu bangkit, bangkit mikat reh mangukut, kukutaning Jiwangga, Yen mangkono kena sinebut wong sepuh, liring sepuh sepi hawa, awas roroning ngatunggil.

13 Tan samar pamoring Sukma, sinukma ya winahya ing ngasepi, sinimpen telenging kalbu, Pambukaning waana, tarlen saking liyep layaping ngaluyup, pindha pesating supena, sumusuping rasa jati. 

14 Sajatine kang mangkono, wus kakenan nugrahaning Hyang Widi, bali alaming ngasuwung, tan karem karamean, ingkang sipat wisesa winisesa wus, mulih mula mulanira, mulane wong anom sami. 

PUPUH II S I N O M 



01 Nulada laku utama, tumrape wong Tanah Jawi, Wong Agung ing Ngeksiganda, Panembahan Senopati, kepati amarsudi, sudane hawa lan nepsu, pinesu tapa brata, tanapi ing siyang ratri, amamangun karenak tyasing sesama. 

02 Samangsane pesasmuan, mamangun martana martani, sinambi ing saben mangsa, kala kalaning asepi, lelana teki-teki, nggayuh geyonganing kayun, kayungyun eninging tyas, sanityasa pinrihatin, puguh panggah cegah dhahar, lawan nendra. 

03 Saben nendra saking wisma, lelana laladan sepi, ngisep sepuhing supana, mrih pana pranaweng kapti, titising tyas marsudi, mardawaning budya tulus, mese reh kasudarman, neng tepining jala nidhi, sruning brata kataman wahyu dyatmika. 

04 Wikan wengkoning samodra, kederan wus den ideri, kinemat kamot hing driya, rinegan segegem dadi, dumadya angratoni, nenggih Kanjeng Ratu Kidul, ndedel nggayuh nggegana, umara marak maripih, sor prabawa lan Wong Agung Ngeksiganda. 

05 Dahat denira aminta, sinupeket pangkat kanci, jroning alam palimunan, ing pasaban saben sepi, sumanggem anjanggemi, ing karsa kang wus tinamtu, pamrihe mung aminta, supangate teki-teki, nora ketang teken janggut suku jaja. 

06 Prajanjine abipraja, saturun-turun wuri, Mangkono trahing ngawirya, yen amasah mesu budi, dumadya glis dumugi, iya ing sakarsanipun, wong agung Ngeksiganda, nugrahane prapteng mangkin, trah tumerah darahe pada wibawa. 

07 Ambawani tanah Jawa, kang padha jumeneng aji, satriya dibya sumbaga, tan lyan trahing Senapati, pan iku pantes ugi, tinelad labetanipun, ing sakuwasanira, enake lan jaman mangkin, sayektine tan bisa ngepleki kuna. 

08 Luwung kalamun tinimbang, ngaurip tanpa prihatin, Nanging ta ing jaman mangkya, pra mudha kang den karemi, manulad nelad Nabi, nayakeng rad Gusti Rasul, anggung ginawe umbag, saben saba mapir masjid, ngajap-ajap mukjijat tibaning drajat. 

09 Anggung anggubel sarengat, saringane tan den wruhi, dalil dalaning ijemak, kiyase nora mikani, katungkul mungkul sami, bengkrakan neng masjid agung, kalamun maca kutbah, lelagone dhandhanggendhis, swara arum ngumandhang cengkok palaran.

10 Lamun sira paksa nulad, Tuladhaning Kangjeng Nabi, O, ngger kadohan panjangkah, wateke tak betah kaki, Rehne ta sira Jawi, satitik bae wus cukup, aja ngguru aleman, nelad kas ngepleki pekih, Lamun pungkuh pangangkah yekti karamat. 

11 Nanging enak ngupa boga, rehne ta tinitah langip, apa ta suwiteng Nata, tani tanapi agrami, Mangkono mungguh mami, padune wong dhahat cubluk, durung wruh cara Arab, Jawaku bae tan ngenting, parandene pari peksa mulang putra. 

12 Saking duk maksih taruna, sadhela wus anglakoni, aberag marang agama, maguru anggering kaji, sawadine tyas mami, banget wedine ing besuk, pranatan ngakir jaman, Tan tutug kaselak ngabdi, nora kober sembahyang gya tininggalan. 13 Marang ingkang asung pangan, yen kasuwen den dukani, abubrah bawur tyas ingwang, lir kiyamat saben hari, bot Allah apa gusti, tambuh-tambuh solah ingsun, lawas-lawas graita, rehne ta suta priyayi, yen mamriha dadi kaum temah nista. 

14 Tuwin ketib suragama, pan ingsun nora winaris, angur baya angantepana, pranatan wajibing urip, lampahan angluluri, aluraning pra luluhur, kuna kumunanira, kongsi tumekeng semangkin, Kikisane tan lyan among ngupa boga. 

15 Bonggan kang tan mrelokena, mungguh ugering ngaurip, uripe tan tri prakara, wirya, arta, tri winasis, kalamun kongsi sepi, saka wilangan tetelu, telas tilasing janma, aji godhong jati aking, temah papa papariman ngulandara. 

16 Kang wus waspada ing patrap, mangayut ayat winasis, wasana wosing Jiwangga, melok tanpa alingaling, kang ngalingi kaliling, wenganing rasa tumlawung, keksi saliring jaman, angelangut tanpa tepi, yeku aran tapa tapaking Hyang Sukma. 

17 Mangkono janma utama, tuman tumanem ing sepi, ing saben rikala mangsa,masah amemasuh budi, lahire den tetepi, ing reh kasatriyanipun, susila anor raga, wignya met tyasing sesame, yeku aran wong barek berag agama. 

18 Ing jaman mengko pan ora, arahe para turami, yen antuk tuduh kang nyata, nora pisan den lakoni, banjur njujurken kapti, kakekne arsa winuruk, ngandelken gurunira, pandhitane praja sidik, tur wus manggon pamucunge mring makrifat. 

PUPUH III P U C U N G 



01 Ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangkese dur angkara. 

02 Angkara gung, neng angga anggung gumulung, gogolonganira triloka, lekere kongsi, yen den umbar ambabar dadi rubeda. 

03 Beda lamun, kang wus sengsem reh ngasamun, semune ngaksama, sasamane bangsa sisip, sarwa sareh saking mardi marto tama. 

04 Taman limut, durgameng tyas kang weh limput, kereming karamat, karana karohaning sih, sihing Sukma ngreda sahardi gengira. 

05 Yeku patut, tinulad-tulad tinurut, sapituduhira, aja kaya jaman mangkin, keh pramudha mundhi dhiri lapel makna. 

06 Durung pecus,kesusu kaselak besus, amaknani lapal, kaya sayid weton Mesir, pendhak-pendhak angendhak gunaning janma. 

07 Kang kadyeku, kalebu wong ngaku-aku, akale alangka, elok Jawane denmohi, paksa ngangkah langkah met kawruh ing Mekah. 

08 Nora weruh, rosing rasa kang rinuruh, lumeketing angga, anggere padha marsudi, kana-kene kaanane nora beda. 

09 Uger lugu, den ta mrih pralebdeng kalbu, yen kabul kabuka, ing drajat kajating urip, kaya kang wus winahyeng sekar srinata. 

10 Basa ngelmu, mupakate lan panemu, pasahe lan tapa, yen satriya tanah Jawi, kuna-kuna kang ginilut triprakara. 

11 Lila lamun, kelangan nora gegetun, trima yen kataman, sakserik sameng dumadi, trilegawa nalangsa srahing Batara. 

12 Batara gung, inguger graning jajantung, jenak Hayang Wisesa, sana paseneten Suci, nora kaya si mudha mudhar angkara. 

13 Nora uwus, kareme anguwus-uwus, uwose tan ana, mung janjine muring-muring, kaya buta-buteng betah nganiaya. 

14 Sakeh luput, ing angga tansah linimput, linimpet ing sabda, narka tan ana udani, lumuh ala ardane ginawe gada. 

15 Durung punjul, ing kawruh kaselak jujul, kaseselan hawa, cupet kapepetan pamrih, tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa. 

PUPUH IV G A M B U H 

01 Samengko ingsun tutur, sembah catur: supaya lumuntur, dihin: raga, cipta, jiwa, rasa, kaki, ing kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon. 

02 Sembah raga puniku, pakartine wong amagang laku, susucine asarana saking warih, kang wus lumrah limang wektu, wantu wataking wawaton. 

03 Inguni-uni durung, sinarawung wulang kang sinerung, lagi iki bangsa kas ngetok-ken anggit, mintoken kawignyanipun, sarengate elok-elok. 

04 Thithik kaya santri Dul, gajeg kaya santri brahi kidul, saurute Pacitan pinggir pasisir, ewon wong kang padha nggugu, anggere guru nyalemong. 

05 Kasusu arsa weruh, cahyaning Hyang kinira yen karuh, ngarep-arep urup arsa den kurebi, Tan wruh kang mangkoko iku, akale keliru enggon. 

06 Yen ta jaman rumuhun, tata titi tumrah tumaruntun, bangsa srengat tan winor lan laku batin, dadi ora gawe bingung, kang padha nembah Hyang Manon. 

07 Lire sarengat iku, kena uga ingaranan laku, dihin ajeg kapindhone ataberi, pakolehe putraningsun, nyenyeger badan mwih kaot. 

08 Wong seger badanipun, otot daging kulit balung sungsum, tumrah ing rah memarah antenging ati, antenging ati nunungku, angruwat ruweting batos. 

09 Mangkono mungguh ingsun, ananging ta sarehne asnafun, beda-beda panduk panduming dumadi, sayektine nora jumbuh, tekad kang padha linakon. 

10 Nanging ta paksa tutur, rehning tuwa tuwase mung catur, bok lumuntur lantaraning reh utami, sing sapa temen tinemu, nugraha geming Kaprabon. 

11 Samengko sembah kalbu, yen lumintu uga dadi laku, laku agung kang kagungan Narapati, patitis tetesing kawruh, meruhi marang kang momong. 

12 Sucine tanpa banyu, mung nyenyuda mring hardaning kalbu, pambukane tata, titi, ngati-ati, atetetp talaten atul, tuladhan marang waspaos. 

13 Mring jatining pandulu, panduk ing ndon dedalan satuhu, lamun lugu leguting reh maligi, lageane tumalawung, wenganing alam kinaot. 

14 Yen wus kambah kadyeku, sarat sareh saniskareng laku, kalakone saka eneng, ening, eling, Ilanging rasa tumlawung, kono adile Hyang Manon. 

15 Gagare ngunggar kayun, tan kayungyun mring ayuning kayun, bangsa anggit yen ginigit nora dadi, Marma den awas den emut, mring pamurunging lelakon. 

16 Samengko kang tinutur, sembah katri kang sayekti katur, mring Hyang Sukma sukmanen sehari-hari, arahen dipun kecakup, sembah ing Jiwa sutengong. 

17 Sayekti luwih prelu, ingaranan pepuntoning laku, kalakuan kang tumrap bangsaning batin, sucine lan Awas Emut, mring alame alam amot. 

18 Ruktine ngangkah ngukut, ngiket ngrukut triloka kakukut, jagad agung gimulung lan jagad cilik, Den kandel kumandel kulup, mring kelaping alam kono. 

19 Keleme mawa limut, kalamatan jroning alam kanyut, sanyatane iku kanyatan kaki, Sajatine yen tan emut, sayekti tan bisa awor. 

20 Pamete saka luyut, sarwa sareh saliring panganyut, lamun yitna kayitnan kang mitayani, tarlen mung pribadinipun, kang katon tinonton kono. 

21 Nging aywa salah surup, kono ana sajatining Urub, yeku urup pangarep uriping Budi, sumirat sirat narawung, kadya kartika katongton. 

22 Yeku wenganing kalbu, kabukane kang wengku winengku, wewengkone wis kawengku neng sireki, nging sira uga kawengku, mring kang pindha kartika byor. 

23 Samengko ingsun tutur, gantya sembah ingkang kaping catur, sembah Rasa karasa rosing dumadi, dadine wis tanpa tuduh, mung kalawan kasing Batos. 

24 Kalamun durung lugu, aja pisan wani ngaku-aku, antuk siku kang mangkono iku kaki, kena uga wenang muluk, kalamun wus pada melok. 

25 Meloke ujar iku, yen wus ilang sumelang ing kalbu, amung kandel kumandel ngandel mring takdir, iku den awas den emut, den memet yen arsa momot. 

26 Pamoring ujar iku, kudu santosa ing budi teguh, sarta sabar tawekal legaweng ati, trima lila ambeh sadu, weruh wekasing dumados. 

27 Sabarang tindak-tanduk, tumindake lan sakadaripun, den ngaksama kasisipaning sesami, sumimpanga ing laku dur, hardaning budi kang ngrodon. 

28 Dadya wruh iya dudu, yeku minangka pandaming kalbu, inkang buka ing kijab bullah agaib, sesengkeran kang sinerung, dumunung telenging batos. 29 Rasaning urip iku krana momor pamoring sawujud, wujuddullah sumrambah ngalam sakalir, lir manis kalawan madu, endi arane ing kono. 30 Endi manis endi madu, yen wis bisa nuksmeng pasang semu, pasamaoning hebing kang Maha Suci, kasikep ing tyas kacakup, kasat mata lair batos. 31 Ing batin tan keliru, kedhap kilap liniling ing kalbu, kang minangka colok celaking Hyang Widi, widadaning budi sadu, pandak panduking liru nggon. 32 Nggonira mrih tulus, kalaksitaning reh kang rinuruh, ngayanira mrih wikal, warananing gaib, paranta lamun tan weruh, sasmita jatining endhog. 33 Putih lan kuningpun, lamun arsa titah teka mangsul, dene nora mantra-mantra yen ing lair, bisa aliru wujud, kadadeyane ing kono. 34 Istingarah tan metu, lawan istingarah tan lumebu, dene ing njro wekasane dadi njawi, raksana kang tuwajuh, aja kongsi kabasturon. 

35 Karana yen kebanjur, kajantaka tumekeng saumur, tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi, dadi wong ina tan wruh, dhewekw den anggep dhayoh. 

PUPUH V K I N A N T H I 



01 Mangka kantining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, wedi weryaning dumadi, supadi niring sangsaya, yeku pangreksaning urip. 

02 Marma den taberi kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den anedya, pandak-panduking pambudi, bengkas kahardaning driya, supadya dadya utami. 

03 Pangasahe sepi samun, aywa esah ing salami, samangsa wis kawistara, lalandhepe mingis-mingis, pasah wukir reksa muka, kekes srabedaning budi. 

04 Dene awas tegesipun, weruh warananing urip, miwah wisesaning tunggal, kang atunggil rina wengi, kang mukitan ing sakarsa, gumelar ngalam sakalir. 

05 Aywa sembrana ing kalbu, wawasen wuwus sireki, ing kono yekti karasa, dudu ucape pribadi, marma den sembadeng sedya, wewesen praptaning uwis. 

06 Sirnakna semanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan, sinuda saka satitik, pamotahing nafsu hawa, jinalantih mamrih titih. 

07 Aywa mamatuh malutuh, tanpa tuwas tanpa kasil, kasalibuk ing srabeda, marma dipun ngati-ati, urip keh rencananira, sambekala den kaliling. 

08 Upamane wong lumaku, marga gawat den liwati, lamun kurang ing pangarah, sayekti karendet ing ri, apese kasandhung padhas, babak bundhas anemahi. 

09 Lumrah bae yen kadyeku, atetamba yen wis bucik, duwea kawruh sabodag, yen ta nartani ing kapti, dadi kawruhe kinarya, ngupaya kasil lan melik. 

10 Meloke yen arsa muluk, muluk ujare lir wali, wola-wali nora nyata, anggepe pandhita luwih, kaluwihane tan ana, kabeh tandha-tandha sepi. 

11 Kawruhe mung ana wuwus, wuwuse gumaib baib, kasliring titik tan kena, mancereng alise gatik, apa pandhita antige, kang mangkono iku kaki. 

12 Mangka ta kang aran laku, lakune ngelmu sajati, tan dahwen pati openan, tan panasten nora jail, tan njurungi ing kaardan, amung eneng mamrih ening. 

13 Kunanging budi luhung, bangkit ajur ajer kaki, yen mangkono bakal cikal, thukul wijining utami, nadyan bener kawruhira, yen ana kang nyulayani. 

14 Tur kang nyulayani iku, wus wruh yen kawruhe nempil, nanging laire angalah, katingala angemori, mung ngenaki tyasing liyan, aywa esak aywa serik. 

15 Yeku ilapating wahyu, yen yuwana ing salami, marga wimbuh ing nugraha, saking heb kang Maha Suci, cinancang pucuking cipta, nora ucul-ucul kaki.

16 Mangkono ingkang tinamtu, tampa nugrahaning Widhi, marma ta kulup den bisa, mbusuki ujaring janmi, pakoleh lair batinnya, iyeku budi premati. 

17 Pantes tinulad tinurut, laladane mrih utami, utama kembanging mulya, kamulyaning jiwa dhiri, ora yen ta ngeplekana, lir leluhur nguni-uni. 

18 Ananging ta kudu-kudu, sakadarira pribadi, aywa tinggal tutuladan, lamun tan mangkono kaki, yekti tuna ing tumitah, poma kaestokna kaki.

Serat Wulang reh-Pangkur


Karya: Sri Susuhunan Pakubuwana IV

/1/ poma sira ngawruhana, éling-éling manungsaning Hyang Widhi, kang samya kang ngudi tuwuh, sedaya nora béda, tuwuh iku apan kathah liripun, ana cukul ing sesawah, ana cukul ing mas picis. 

bersungguh-aungguhlah untuk kau ketahui, sadarlah bahwa manusia milik Tuhan, juga semua yang tumbuh berkembang, semua tidak berbeda, sesuatu yang tumbuh berkembang itu banyak bentuknya, ada yang tumbuh di persawahan, ada yang berkembang dari uang emas. 

/2/ ana cukul ing derajat, atenapi cukul ingkang kasektin, myang cukul ing bongsa luhur, ingkang satunggal-tunggal, awiwita nora sangking nalar busuk, undhaking ing saban – saban, amarga sangking berbudi. 

ada yang tumbuh dalam kepangkatan, tidak terkecuali tumbuh dalam hal kesaktian, serta tumbuh sebagai golongan orang luhur, yang satu lagi, mulailah dengan tidak membiarkan kebodohan, perkembangan yang setiap waktu (terjadi), karena dari sifat murah hati. 

/3/ kathah lelepéyan ira, utamané wuruking mata kuping, rahina wengi kadulu, datan sah kapiyarsa, gunging urip sedaya pan amrih ontung, untungé wong anéng donya, malah ta ginawa mati. 

banyak kelalaianmu, terutama pelajaran bagi mata dan telinga, siang malam yang dilihat, adalah yang tidak sah, seluruh manusia semua menginginkan untung, keberuntungan orang di dunia, bahkan dibawa mati. 

/4/ néng donya tanpa cilaka, néng ngakérat lestari kadya nguni, apa sapratingkahipun, sayekti nora béda, malah-malah yén ing gesang during migruh, wewalesing nalar mulya,ngakérat pesthi (17)pinanggih. 

di dunia tanpa celaka, di akherat lestari seperti dulu, apa pun yang dilakukan, benar-benar tidak berbeda, bahkan apabila ketika masih hidup belum meninggalkan kewajiban, balasannya kemulyaan pikiran, pasti bertemu di akhirat. 

/5/ myang saturun-turun tedhak, anglabeti sangking penggawé becik, yén cubluk ing uripipun, amesthi tur cilaka, néng ngakérat melarat kebacut-bacut, cures ponang turun tedhak, ajember awor lan najis. 

dan seluruh keturunannya, mendapat kebahagiaan juga karena perbuatan baik tersebut, apabila bodoh dalam kehidupannya, pasti celaka, di akherat sengsara terlunta-lunta, para keturunannya benar-benar habis (sangat menderita), sangat kotor bercampur dengan najis.

/6/ ndah ojat saisining rat, sastra kidung perlambang miwah mingsil, aja pepéka ing ratu,rumegsa ing nalar mulya, endi lire ingkang anjodheri laku, kang ngasoraken cilaka, ambubrah ing nalar becik. 

menjadi pembicaraan seisi dunia, pengetahuan dari kidung perlambang serta nasihat, jangan sembrono terhadap raja, jagalah dengan akal mulia, manakah sesungguhnya yang menganggu perjalanan, yang mengalahkan celaka, yang menghancurkan akal baik. 

/7/ tuwa anom éstri lanang, gedhé cilik sudagar miwah tani, nadyan ingkang bongsa luhur, yén ngambah bebotoha, ngadu-adu rérékan apus ing apus, kurang gawéné wong gesang, dadi karem ing bilahi. 

tua- muda, pria-wanita, besar-kecil, pedagang serta petani, walupun dari golongan orang luhur, namun bila terlibat perjudian, dalam aduan tipu muslihat, bagi orang hidup itu kurang kerjaan, menjadi tenggelam dalam kesengsaran. 

/8/ wus pesthi ing alam donya, sajeg urip tuman dadi gegingsir, yén wus tuman anelutuh, mungguh wong lara awak, nora kena tinambanan saya ngrutuh, goroh cilakané muyab, lumuh seka lir ing kardi. 

sudah pasti di dunia, selama hidup ketagihan tidak berubah, apabila sudah ketagihan maka keterusan, ibarat orang yang sedang sakit, tidak dapat diobati justru semakin menjadi-jadi, bohong celakanya kemudian, enggan terhadap semua pekerjaan. 

/9/ lumuh saka liring sukma, lawan lumuh penggawé sangking gusti, lumuh mikir somah sunu, lumuh tani nyudagar, lumuh lumrah tata kramaning wong ngurus, tan kena angambah praja, néng désa dadi waweri. enggan terhadap Tuhan, serta enggan terhadap pekerjaan dari atasan (pimpinan), enggan memikirkan anak istri, enggan bertani dan berdagang, enggan melaksanakan tatakrama yang lumrah terhadap orang-orang berperilaku baik, (orang tersebut) tidak boleh menapakkan kaki di kerajaan, di desa menjadi perusuh. 

/10/ kena wilalat ing jagat, wus pinesthi tan kena awor jalmi, ngakena mari tan tuhu, manungsa papesotan (18), léwér sembér anduwéni wirang wedhus, kekéwan kena dén ajar, botoh nora kena mari. 

terkena pengaruh negative dunia, sudah pasti tidak boleh berbaur dengan manusia, mengaku sudah berhenti namun sebenarnya tidak, manusia atau setan yang sangat kacau, kambing pun memiliki perasaan malu, hewan dapat diajari, penjudi tidak dapat berhenti. 

/11/ marine sangking panggobal, mlocot cancut sinarang ing sasami, jajedhegé ngapus-apus, wus kepatén pasaban, dheradhasan kapipit adiling ratu, yén agarab harta suwang, sekala akumat malih. 

berhenti dari pekerjaan itu, ibarat kulit tersayat segera dijauhi teman-temannya, berbohong tidak bisa apa-apa lagi, tidak memiliki tempat berinteraksi, dan lagi telah tersudut oleh pengadilan raja, bila mendapat uang, langsung kambuh kembali. 

/12/ tobating batoh keparat, ngaku mari yén durung pendhak warsi, sayekti aja ginunggung, lawan ananing jagat, kuna mula yén bebatoh luput-luput, kang nyina ing solah nétya, kaliwat tal amor jalmi. 

tobatnya penjudi busuk, mengaku telah berhenti jika belum satu tahun, sungguh jangan dihitung, dengan keberadaan dunia, pada zaman dahulu jika berjudi bisa-bisa terhina, dengan raut muka, sangat dijauhi manusia. 

/13/ malih margining cilaka, yén wong urip/é/ nyenyekrok amadati, gegulang mangan naptyan, iku bubrah kang tata, raga rusak bencirih ing karya ngepluk, bolnya kinarya kasukan, umur ira mendap mendip. 

lagi penyebab celaka, yaitu apabila seseorang hidupnya untuk menghisap candu, senang memakan candu yang belum dimasak, itu merusak aturan, badan rusak mudah terkena penyakit, malas bekerja, hanya dibuat bersenang-senang, umurmu tinggal sebentar lagi. 

/14/ yén koncat taklir wong payah, petagiyan conto sebarang kardi, riyak umbel dadi mungsuh, Allahnya derodosan, prembah-prembéh ngising papedhotan usus, dalinding awor lane rah, yékti aji tai anjing. 

jika kehilangan nyawa seperti orang yang menderita, pengambilan kembali segala pekerjaan, dahak, ingus menjadi musuh, Allah mengejar dosa-dosanya, buang air besar kesakitan hampir menangis, ususnya terputus, tanda-tandanya bercampur darah, sungguh masih berharga kotoran anjing. 

/15/ kari animpal kéwala, nora kenan dén ukumi wong urip, yén wus nyerat masang angkuh, kaya wong dhéwé lanang, pengrasané sapa sira sapa ingsun, aku wong guna istiyar, wruh rasané luwih-luwih. 

tinggal membuang saja, tidak bisa dihukum oleh manusia, apabila telah menghisap candu kemudian berbuat angkuh, seperti laki-laki sendiri, yang dipirkan adalah siapa diri mu siapa diriku, saya adalah orang yang telah mengusahakan berbagai macam kebisaan, tahu rasanya hal-hal yang istimewa. 

/16/ umuk ngupaya wang gangsar, sugih sanak lan wong saba bengi, (19) pengrasa tan ana ratu, Hyang Allah Rasulolah, mung dhéwéké kang jumeneng bérak basu, iku sarta lir wong édan, tangané pating guriming. 

memperlihatkan kemudahan dalam berusaha mencari uang, banyak saudara dan orang yang senang keluar malam, perasaannya merasa bahwa tidak ada raja, Allah dan Rasulullah, hanya dirinyalah yang berdiri sebagai kotoran anjing, itu seperti orang gila, tangannya ke sana ke mari. 

/17/ dhidhis sarya salusuran, bliyar bliyur napasé menggrak-menggrik, jelajor jégang atimpuh, yén sampun mendem niba, dén grijaga déning gajah wolung puluh, éca kepati anéndra, wus lali lamun wong urip. 

duduk santai tidak beraturan, lemah nafasnya tersengal-sengal, lemah nafasnya tersengal-sengal, duduk selonjor mengangkat kaki bertimpuh, bila telah mabuk langsung jatuh, merasa dijaga gajah sebanyak delapan puluh ekor, tidur enak seperti orang mati, sudah lupa bahwa sedang menjadi di manusia. 

/18/ iku penggawé cilaka, iku nistha kekompra gembring baring, nora kalap kayanipun, mung mendem patagiyan, sajeg jumleg nora kedunungan patut, datan angsal pangawula, nora tepung ing sasami. 

itu perbuatan yang mencelakakan, itu hal yang nista, ceroboh, setengah gila, tidak ada gunanya, hanya mabuk ketagihan, selamanya tidak memiliki kepatutan, tidak mendapat pengabdian, tidak kenal sesama.

/19/ sinarang déning kaka/n/dang, sagunging wong samya ngipat-ipati, ajember ngethuh tur kepluk, jero ing ngadhem panas, jrih ing karya wedi alelungan nglurug, kantar ngaus sampun lepas, katanggor awrat kapesing. 

disingkiri sanak saudara, semua orang menyumpah serapahi, kotor, ceroboh, lagi pula malas, merasa dalam suasana panas dingin, takut terhadap pekerjaan, takut penempuh perjalanan jauh, perasaannya telah mumpuni, namun demikian mendapat kendala buang air besar. 

/20/ yén tuwuk panyekrok ira, pangisingé saejam wurung uwis, mokrang dangu prengat-prengut, nadyan ginebugan, tinabokan binada sayekti tutut, nglakoni pretahing bérak, dhedhel mengkelang (20) tan mijil. 

bila telah makan kenyang, buang air besarnya satu jam belum selesai, berjongkok lama dengan muka masam, walaupun dipukuli, ditempeleng, diikat sungguh tetap menurut, saat ingin buang air besar, sembelit, keras, tidak keluar. 

/21/ andadra angombra-ombra, apanas kéh ingkang samya kemelip, lawan kéwan- /kéwan/ sanésipun, manungsa pan sinungan, nampik milih istiyar saurung kuntung, aja kongsi kaya kéwan, wruhnya sawusé pinanggih. 

semakin menjadi-jadi, di antara sejumlah makhluk hidup, dan hewan-hewan lainnya, manusia diberi hak, untuk menolak, memilih, berusaha sebelum datang keberuntungan, jangan sampai seperti hewan, yang baru tahu setelah mengalami. 

/22/ yén tan énget sakan paran, nora kétung gesang wekasan pati, datan welas mring nak putu, satemah sia-sia, yékti nora ngemungaken raganipun, datan kena sinelakan, tedhak turun anglabeti. 

apabila tidak menyadari asal mula dan tujuan hidup, tidak memperhitungkan bahwa hidup berakhir dengan kematian, tidak kasihan terhadap anak cucu, yang mengalami penderitaan, sungguh tidak hanya badan pribadi (yang menderita), yang tidak dapat dielakkan, keturunannya pun ikut terpengaruh. 

/23/ angluwihi sia-sia, nganiaya marang kang kari-kari, sadéné mring jasatipun, rusak tanpa karana, awiwitan marga sangking nalar busuk, memadati lawan bangsat, katula katali-tali. 

lebih dari menderita, menganiaya pada keturunannya yang kemudian, alasan jasatnya, rusak tanpa sebab, bermula karena nalar yang bodoh, menghisap candu bersama (teman) bangsat, (akhirnya) sengsara terlunta-lunta. 

/24/ nelutuh jembering jagat, donya kerat anéng sasoring jenis, krerana manungsa iku, sinilih ing datolah, misah ngumpul kalawan sipat rong puluh, yén salah luwih cilaka, yén mulya luwih kakasih. 

jorok, mengotori dunia, di dunia akherat berada di bawah sesama, sebenarnya manusia itu, dipinjami oleh Dzatullah, yang terpisah dan sekaligus menyatu dengan keduapuluh sifat, jika melakukan kesalahan akibatnya lebih celaka, bila mulia akan lebih disayangi. 

/25/ pitung bumi pitung jagat, kamulyané kang gadhuh wong angsal sih, bédha lan sanésipun, kéwan myang (21) cecukulan, nora duwé siksa myang ganjaranipun, wus narima ing satitah, tur tan pinilihing widi.

tujuh bumi tujuh dunia, kemuliaan orang yang (menyadari telah) meminjam mendapat kasih sayang, berbeda dengan makhluk lainnya, hewan dan tumbuhan, tidak memiliki siksa dan pahala, hanya menerima apa adanya, lagipula tidak dipilih Tuhan. 

/26/ sanadyan para malékat, widadari tan luwih sangking jalmi, lamun pinintanan agung,sapakoning Hyang Suksma, dalil Kuran kang kasebut kun pa ya kun, sarupané kadadéyan, kang gumelar bumi langit. 

walaupun para malaikat, atau bidadari tidak lebih dari manusia, tetapi tempat bagi permintaan Tuhan, perintah Tuhan, dalam ayat Quran ada disebutkan dengan qun fayakun, segala kejadian, yang terhampar di bumi dan langit. 

/27/ tan luwih sangking manungsa, sihing suksma réh sinung nampik milih, nata prenataning tuwuh, ajaga jejeging rat, namung ngejem mempre mirip karkatipu, punika lamun jin Islam, nanging tan padha lan jalmi. tidak ada yang melebihi manusia, karena mendapat kasih sayang Tuhan (manusia) diberi hak menolak, memilih, raja mengatur kehidupan, menjaga dunia supaya berdiri tegak, hanya mempunyai niat menyerupai, itu tempat bagi jin Islam, tetapi tidak sama dengan manusia. 

/28/ mila lamun ana tindak, ngrusak urus dadya suckering bumi, sangar sinangar ing tuwuh, kena ing penagiyan, tan rumongsa kinarsan ingkang panebut, sinilih dating pangéran, dilalah milih bilahi. 

asal ada tempat melangkah, merusak aturan, menjadi kotoran bumi, menyebabkan celaka, maka disingkiri makhluk hidup, mendapatkan balasan, tidak merasa bahwa, meminjam kepada Tuhan, kebetulan memilih celaka. 

/29/ nadyan ta samya manungsa, mongka wonten pinilih dadya ngarsi, niyaka nira reh rahayu, among saliring titah, pangkat-pangkat tinundha kang undha usuk, nabi wali myang ulama, ratu satriya bupati. 

meskipun semua manusia, tetapi ada yang dipilih menjadi resi, penuntun mencapai keselamatan, memikirkan takdir diri sendiri, urut-urutan golongan yang berbeda-beda, nabi, wali, dan ulama, ratu, satria, bupati. 

/30/ padhané sayekti padha, namung kari jujuluk ulul amri, ing rubyat sampun kasebut, pethétaning manu(ng)sa,sadurungé bumi langit kasebut, ulul amri wus pininta ulul amri, maréntah sakéhing urip. 

pada akhirnya sama, hanya mempunyai sebutan ulul amri, di dalam rubiyat sudah disebut, penciptaan manusia, sebelum bumi, langit diciptakan, sudah diminta, memerintah sepanjang hidup. 

/31/ U(22) rip samya ing nguripan, déning suksma amrih karkating bumi, mila sagunging tumuwuh, aja anilar warah, susar -susur yén kesarung temah busuk, nora ngrungoaken ujar, wuruking mata lan kuping. 

hidup karena dihidupi, oleh Tuhan supaya menjadi berkah dunia, oleh sebab itu makhluk hidup, jangan meninggalkan petunjuk, bila salah kemudian terjerumus akhirnya akan tertimpa musibah, tidak mendengarkan perkataan, pemberitahuan mata dan telinga.

/32/ iku wong datan panalar, mungkir lamun Allah Subkanalahi, wong bener wenang aprunggal, kang jember néng naraka, nalar iku luwih santosaning tuduh, kang duwé kang murbéng alam, pagéné nora ngéstuti. 

itu adalah orang yang tidak menggunakan akal, memungkiri Allah sebagai Tuhan yang Maha Suci, orang yang benar berhak terputus jarak, yang lebar dengan neraka, akal merupakan petunjuk yang sentaosa, yang memiliki yang memelihara dunia, namun mengapa tidak menurut?. 

/33/ pamuji lawan panembah, sangking nalar tuwuh néng wong berbudi, nora sangking kompra penggung, gegembring tanpa iman, dalil Kuran Alahu Samat kasebut, sapinuduh dén lakoni. 

pemujaan dan penyembahan, tumbuh dari pada orang yang memiliki sifat ikhlas, bukan dari orang yang ceroboh, bodoh, gila tanpa kepercayaan, ayat Al Quran dari Allah Subhanawataala menyebutkan nora kena sesembranan tidak boleh menyepelekan, semua petunjuk dan harus dijalani. 

/34/ saraté samat pranyata, anglangkepi mengku salir kumelip, yén manungsa ora urus, agolék nalar liyan, pralambangnya lir mina milar ing ranu, amesthi luwih cilaka, buthuk binadhong ing anjing. 

sebab syaratnya jelas, melengkapi dan menjaga segala makhluk hidup, jika manusia tidak memeliharanya, mencari pemikiran lain, ibarat seperti ikan yang melompat dan minggir dari air, pasti lebih celaka, membusuk dan dimakan anjing. 

/35/ nabi wali myang ulama, para ratu satriya myang bupati, Allah tan milih kang busuk, tan liyan /kang/ berbudiman, karantené yén ana wong gemblung bingung, maido kodrat iradad, wong lumaku dén jajuwing. 

nabi, wali, dan alim ulama, para raja, satria, dan bupati, Allah tidak akan memilih dari mereka yang bodoh, namun tidak lain dari orang yang baik hati, oleh sebab itu bila ada orang yang bodoh dan bingung, tidak mempercayai kodrat dan iradat, orang yang berbuat demikian akan dihancurkan. 

/36/ wong tuman kasurang-surang, yén tan arsa ngrungu pitutur becik, yén wong tan (23) wruh ujarujar, bongga degsura pugal, wuta magagob mogira amberung, karem marang kaluputan, muyab tur kena ing sarik. 

orang yang terus melakukannya akan terlunta-lunta, jika tidak mau mendengarkan nasihat yang baik, jika orang itu tidak mengerti perkataan yang baik, sombong, sok, kasar, buta mata, tangan menyerang, seperti kerbau gila yang tidak menurut, menyukai kesalahan, dengki, maka akan tertimpa bencana. 

/37/ andadra ing ngombra-ngombra, bosen urip lumuh mangan rejeki, wong kapengin di kakepruk, binebek punang sirah, dén pepukang pinurakéng marga catur, kinarya pangéwan éwan, amrih aja dén ulari. 

lama kelamaan justru semakin menjadi-jadi, bosan hidup enggan makan rezeki, orang itu ingin dipukul, dipukuli kepalanya, dijadikan seperti monyet yang sangat menyedihkan di perempatan jalan, sebagai bahan ketidaksenangan, supaya jangan menulari.

/38/ lirna ing aran kukumbah, nora tanpik tinandhesaning adil, drubegsa ambubrah urus,manungsa cacah-cucah, nyunyukeri angambah buminé /ng/ ratu, ngrariwuk ngrubéda nalar, jajelantah wong gegingsir. 

oleh sebab itu disebut dihukum, tidak menolak (sesuatu) didasarkan hasil, makhluk halus penunggu hutan merusak aturan aturan yang baik, manusia menjadi sangat buruk, mengotori ketika menginjak tanah milik raja, menganggu dan mengacaukan pikiran, perbuatan buruknya telah diketahui orang sehingga (dia) menyingkir.

Cepat-kecepatan




 Manusia makin cepat jalannya,  mendekati kecepatan kilat

Semua serba cepat,  kecuali tidur mereka

Mereka berjalan

Bertemu orang dengan kecepatan 0,0001 detik

Dapat mengunjungi beragam destinasi dalam satu 

Klik 

Seakan hidup ada diujung jarinya


Seakan semua bergantung pada ujung-ujung 

Yang penuh kelembutan dan tidak terlihat

Dan menjadikan semua 

Yang sulit menjadi mudah


Yang mudah menjadi sulit


Dan yang biasa makin rumit, 


Semua berganti dengan digit yang lebih lembut


Seakan mengabarkan

Bahwa yang tidak pasti adalah sebuah kepastian

Dan kepastian adalah kecepatan tidak terhingga


Disana aku memilih 

Melihat semua dengan jelas

Tiap cahaya yang menyelorot

Adalah peasan alam kepada manusia

Akan kabar antara bencana dan berkah


Rinduku padamu

 Harinya berlalu,  membuat semua menjadi kenangan tersimpan dalam memori memori

Yang bisa saja terlupankan  oleh ingatan, 


Akupub ingin mengikatnya dalam bentuk apapun yang bisa aku pegang


Saat rinduku berkecamuk, aku ingin memegang semua

Kenangan itu sebagai rasa cinta pada diri sendiri

Lapar

 Dimalam yang sunyi, hanya

Perut melilit dan jam dinding berdetak

Meminta perhatian, 

Segeralah menjelang pagi

Segeralah berlalu waktu secepatnya 


Aku ingin makan, namun tidak tertolong lagi

Perut melilit rasa menyita perhatian penuh

Aku sudah tidak tahan

Namun,  waktu menahan

Menahan hingga membuat saya tidak bisa diam

Memohon dalam lirih, untuk segera

Aku hanya ingin makan agar sampai esok hidupku

Love Story

 


Dimana kah

Semua tumbuh subur

Seakan menjadi 

Bagian dari keindahan hidup,  merasakan semua yang ada

Ada saja

Membuat ceria dan indah


Pertemuan panjang yang indah dan mengambil sebagian dari 

Bisikan lembut

Yang menyentuh teratai 


**

Masih ingatkah engkau

rasa yang begitu bertabur

menyinari hari yang tidak pernah malu

malu dan hanya saja

ingin seperti itu


lalu menjadikan semua tumbuh

dengan hati-hati

menyiapkan

malam yang bertabur dengan bintang


aku adalah malammu-

dan tidurlah kamu

karena esok kita bertemu

dan mencari bunga-bunga

dihutan liar

yang menjadikan semua

liar

seperti alam

yang bisa saja menerkam

saat kamu kosong

bunga melayu

 Hanya tidak ingin berbohong, 

Ada saja kata 

Yang tersimpan

Yang tidak bisa saya sembunyi lagi

Dengan beragam, warna

Yang telah menjadi milikmu

Dan itu saja


Ingin aku berikan, atas apa yang ada


Harapan, adalah bunga mekar 

Bersambut kupu-kupu

Indah menari

Mengelilingi, lalu 

Sedikit merasakan keindahan itu


Nyatanya,  bunga melayu

Hilang mengering

Tidak membekaskan sari

Yang menguap akan panasnya hari

Dan menghilang

Seakan adalah perjalanan

Ikan menuju samudera 

Yang tidak pernah lelah

Mengejar kehidupan


Kini

Biarkan,  dia berkembang lagi

Dan menantikan

Yang lain

Yang lain saja 

Bukan kamu lagi

rasa ini, tergeletak

 Rasa ini aku ambil

Dan kubiarkan tergeletak

Dimana saja dia mau

Dimana saja dia mau


Rasa ini

Seperti bercanda 

Membungkus dengan beragam nyeri

Yang bisa saja membunuhi

Siapa siapa yang 

Dimau

Melalui kata-kata yang tidak terkontrol


Rasa ini

Akan ada saatnya,  saat ada yang mau mengambil dengan cara yang baik. 

Cara yang mulia

Hati, dekapan semesta

 Hati

Ada rasa yabg aku simpan

Untuk pahami

Semua maksud


Hati

Ini adalah aku

Yang berdiam, berumah disana

Berilah aku makan

Agar tumbuh dan sehat selalu


Hati ada aku

Yang bermukim, jangan biarkan terkotori

Agat tidak sesak hidup


Hati

Adalah kesucian

dari bahasa ilahi membimbing

Aku yang masih hidup

Disini

Menjalankan semua,  yang engkau bisikan lewat alam

Yang kadang

Membuat

Semua ingin akan tawa, tangis dan diantaranya


Hati

Tetaplah menjadi mukim 

Yang baik untuk aku

Agar aku bisa berjalan dengan selamat

Temani aku dalam dekapan semesta

pergi begitu saja

 Adzan berlalu, dan aku masih saja termangu

Menatap takdir

Yang tidak baik kepadaku

Dan meratapi hari yang terus saja pergi

Tanpa pernah mau membersamai aku lagi


Pergi begitu saja dan akupun demikian

Diam begitu saja, membiarkan semua pergi sesuka hati

Terkulai diatas Ibu

 Seperti alunan musik

Yang ingin menina bobokan

Mengalun memberi kata baik

Untuk tumbuhnya pohon 

Dan biaknya ikan

Alunan mendayu

Seperti gelombang dilautan

Yang bisa saja, membuat 

Kamu ingin terkulai sayu

Dalam dekapan

Yang hanya saja untuk siapa yang dimau


Aku ingin seperti angin yang mengoyang 

Dedaunan dan merontokkannya

Menjadikan ia terbang dan terkulai diatas ibu


Jumat, 28 Mei 2021

Jiwaku Pulas dalam Pelukan


 Tidak pernah terbayang sejauh ini

menjauh hingga mencapai setengah dari perjalanan umur anak-anak

seakan meminta terus waktu untuk

tetap seperti ini

seperti yang pernah ada


Jiwaku melayang

dan mengejar bayang-bayang waktu


yang tentu saja

tidak diketahui


jiwaku

menjadi

bayang-bayang waktu itu sendiri

mengejar diriku

yag pulas

dalam pelukan waktu itu